Translate

Sabtu, 29 Agustus 2020

Anak Desa Kurang Ajar

 

Anak Desa Kurang Ajar

Drama basa jawa tema budi pekerti.

Oleh Kelompok III IX C tahun ajaran 2013/2014 SMPN 1 Donorojo

(Bima Tovani Richo Pratama : Tama & Pakdhe – Ricky Andika : Kiki – Anisah Jamsah Aswati : Bu Widaya, Ibu, Yaya, Mbah Sinah – Riwayat Nanik Lestari : Noria)

 

            Ing Desa Sanjongan ana bocah jenenge Noria. Bocah kuwi nakal banget. Saben dinane mesti gawe olah ana ngendi bae. Najan wong sekolahan lan agamis, nanging kaya ora ngerti carane dadi bocah sekolahan lan agamis.

 

Bu Widaya      : “Assalamu’alaikum.

Noria               : “Wa’alaikum salam.

Bu Widaya      : “Kanca-kancamu endi tek ora ana kelas?

Noria               : “Sekedap bu.” (menyang jaba kelas) “Hei! Kanca-kanca. Bu Widaya rawuh. Ayo

mlebu!” (menyang jero kelas)

Bu Widaya      : “Piye ta wes mlebu tek ijek enek jaba?

Murid-murod  : “Meniku bu, tasik nelasne jajan bu.

Bu Widaya      : “Ya, saiki tak keki toleransi, ananging sesok aja dibaleni.

Noria               : “Ke cah rungakna! Makane, nek diomongi ke aja kor baweli wae! Huuh…

Kiki                 : “Huuh… Mentag-mentang saiki bener we`, mbok aja sombong! Sok ngerti we.

Noria               : “Yo ben ta. Emang nyatane ngono.

Tama               : “Nor, Ki, wes ta aja tukaran wae. Mbok meneng! Nek didukani bu Widaya lho.

Kiki                 : “Kuwi ta, Noria dhisik sing marahi.

Noria               : “Apa Ki!? Aku dhisik!? Kowe kui ta sing marahi aku pegel.

Bu widaya       : “Wes-wes, kapan are arep sinau yen tukaran wae?

Kiki                 : “Inggih bu, kula nyuwun pangapunten.

Bu Widaya      : “Wis, saiki dibuka LKS-e BAB Buda Pekerti. Apa iku budi pekerti?

Noria               : “Budi pekerti inggih menika budi ingkang luhur bu.

Bu Widaya      : “Kurang lengkap, sapa sing isa nglengkapi?” (nunggu sawetara) “Nek ora ana

   sing ngacung, tak dudohi apa iku budi pekerti. Budi pekerti yaiku tata karma

   kang becik kang iso ndadekake sapa bae kang duweni budi pekerti bakalan uripe

   kepenak ing donyane.

 

Bel ngaso muni. Tet… Tet… Tet…

 

Bu Widaya      : “Wis bukune disimpen, wis wayahe ngaso. Dina iki mang sing ora mlebu sapa?

Murid-murid   : “Darmin bu.

Bu Widaya      : “Nyandi?

Noria               : “Paling mbakul teng peken bu. Sampeane lha yogane bakul.

Bu Widaya      : “Heh! Aja ngawur!

Kiki                 : “Niku bu, tanganipun sakit.

Noria               : “Hah… Paling gawene dawa tangane. Hahaha…

Bu Widaya      : “Hus! Nek ngomong dijaga! Darmin iku kancamu dhewe hlo.

Noria               : “Inggih bu.

Bu Widaya      : “Wis, saiki da ngaso-a. Assalamu’alaikum.

Murid-murid   : “Wa’alaikum salam.

 

            Tet… Tet… Tet… Bel panggilan ketua kelas muni.

 

Kiki                 : “Tam, panggilan ketua kelas.

Tama               : “Ya, Ki. Matur nuwun dikabari.” (metu nang jaba)

Noria               : “Tama… Tama aku wae sing rana.” (ngrebut alat tulise Tama)

Kiki                 : “Nor, ketuane ke Tama hlo! Duduk owe ngerti!

Noria               : “Ben.

Kiki                 : “Huuh…” (ngegemne tangan)

Tama               : (nyekel tangane Kiki) “Wis, Ki, ben si Noria wae. Aku ra papa hlo. Muga-muga

  dheweke cepet berubah dadi apik.

Kiki                 : “Ya, Tam. Muga-muga wae. Aku gregeten hlo, saben dina gawe ulah wae.

Tama               : “Sabar, Ki. Ngonoa ke dheweke ya dulurmu hlo.

 

            Sawise sawetara, are kumpul ketua kelas rampung.

 

Noria               : (menyang ngarep kelas) “He! Bocah-bocah mlebu!

Kanca-kanca   : (mlebu neng kelas)

Noria               : “Pengumuman, dina iki ora ana pengayaan. Bapak ibu guru arep besok Pak Giro.

    Sesok mlebu seragam batik, arep mringati dina batik.

Kanca-kanca   : “Ye… Mulih… Mulih…

Kiki                 : “Nor, mbok jare pengumumane diulangi maneh! Aku kurang jelas.

Noria               : “Sudi sapa… Makane nek duwe kuping ke nggo ngrungokke! Aja kor nggo

    ganthilan sirah.

Tama               : “Mbok jare ta Nor sikap mu koku bah! Wedok apa lanang kowe ke?

Noria               : “Ra butuh! Sapa jare koweke? Ngatur-ngatur aku!

Kiki                 : “Noria! Jare mbok sing alus kowe ke! Ko tak aturne pakli bulik hlo!

Noria               : “Ra tak gagas!

 

            Tet… Tet tet… Tet… Tet tet… Bel muni nandakake wayahe mulih ninggalake sekolah.

 

Kiki                 : “Noria! Teni ta! Eh, kowe manh neng bapak ku kon mulih neng mahku. Mong

   tuwamu enek ngolmahku.

Noria               : “Wis weruh.

Kiki                 : “Yaa Allah Nor. Kowe ki hlo di kei ngerti mbok matur nuwun!

Noria               : “Ra perlu.

Kiki                 : “Dasar kurang ajar.

Noria               : “Kapok.

 

            Ana ndalan, Kiki kari Noria ketemu Tama.

 

Kiki                 : “Eh… Tama… Kowe mau mlaku ta? Tumben ora diparani?

Tama               : “Eh… Kiki… Iya, soale aku pengin mlaku bareng kanca-kanca. Mas Noto tak

    penging marani. Bareng ya mulihe, omahe awake dhewe kan cedhak.

Kiki                 : “Ya. Eh, adhik sepupuku mang pow is dhisik ya?

Tama               : “Hla kae hlo wes enek ngarep.

Kiki                 : “O alah… Noria! Teni ta!

Noria               : “Gah. Ra sudi.

Tama               : “Sabar, Ki.

Kiki                 : “Ya, matur nuwun. Ko sore ngaji ya!

Tama               : “Ya, ko tak parani. Ayo mampir.” (Tama nawari Kiki dolan omahe disik)

Kiki                 : “Matur nuwun. Liya dina wae Tam.” (Kiki banjur nututi adhike, Noria)

Kiki & Noria   : “Assalamu’alaikum.

Pakdhe            : “Wa’alaikum salam. Eh… Noria…

Noria               : “Nggih dhe, bapak ibu napa wonten mriki?

Pakdhe            : “Iya, Nor. Mau tak kon rene. Mengko sore arep bancakan.

Noria               : “Nggih dhe. Kula tak manggihi ibu rumiyin.

Pakdhe            : “Ya, kana nek pawon.

Noria               : “Mangga dhe.” (langsung nggujrug nang pawon)

Ibu                   : “Eh, wis teka ndhuk. Kana gantimu enek ngetas kamar ndhuwur.

Noria               : “Inggih bu. Bu, wau kula dibetakne muslim?

Ibu                   : “Waduh lali ndhuk. Mengko njilih a mbak Yaya.

Noria               : “Inggih bu.

 

            Sawise padha rampungan, wayah sore padha ngaji bebarengan.

 

Noria               : (ngetok lawing kamare Yaya)

Yaya                : “Eh, kowe. Mlebua!

Noria               : “Matur nuwun mbak. Niki selak sonten.

Yaya                : “Hla ana perlu apa iki karo aku?

Noria               : “Niku mbak, badhe ngampil muslim. Wonten napa mboten?

Yaya                : “Sek tak jupukne.” (sawise sepuluhan menit) “Iki nya.

Noria               : “Matur nuwun mbak.” (banjur cepet-cepet siap-siap ngaji)

Kiki                 : “Nor, ayo mangkat! Tama wis ngenteni.

Noria               : “Ya. Disika.

            Sawise teka ning pengajian, Bu Widaya sing ngajar amarga pak Tris tindakan.

 

Bu Widaya      : (mlebu gerbang)

Noria               : “Cah… Cah… Bu Widaya rawuh.

Kanca-kanca   : “Mlebu… Mlebu…

Bu Widaya      : “Assalamu’alaikum. Sugeng sore cah-cah.

Kanca-kanca   : “Wa’alaikum salam. Sugeng sore bu.

Bu Widaya      : “Ana sing ora mlebu ora?

Noria               : “Wonten bu, Karimin.

Bu Widaya      : “Nyandi?

Noria               : “Paling tumut nyebar teng wana bu.

Bu Widaya      : “Hlah. Kowe ko lo. Mbok aja ngawur hlo.

Tama               : “Niku bu, Karimin ijin kelompokan.

Noria               : “Halah, kepiye ta Karimin ke? Wayah ngaji ndak blayangan. Dasar ra ngerti

   wayah.

Kiki                 : “Hus! Nek ngomong mbok kok jaga ta Nor.

Noria               : “Ben ta. Lambe, lambene sapa?

Kiki                 : “Tak jahit sisan hlo lambemu ko.

Noria               : “Nyo! Jahiten nek arep mbok jahit! Ra sah sesok-sesok. Saiki wae.

Kiki                 : “Huuh…

Bu Widaya      : “Wes ta, aja tukaran wae! Kapan olehe arep ngaji nek gor tukaran wae? Hla-an

   kowe eong koro ke pra dulur ta? Tek tukaran wae?

Kiki                 : “Inggih bu. Hla Noria niku bandel banget lhe bu menawi di omongi.

Bu Widaya      : “Wes lali ta Nor, apa sing disinau ana sekolahan mau?

Noria               : “Dereng bu.

Kiki                 : “Kapok.

Noria               : “Gen!

Bu Widaya      : “Wes, ayo do ngaji.

 

            Sawise ngaji, kabeh padha mulih. Nalika ing dalan Noria, Kiki lan Tama pethukan karo wong tuwa.

 

Tama               : “Eh, Ki, Nor, ke hlo enek wong tuwa ing pinggir dalan sajake kekeselen. Ayo rana

   yo!

Noria               : “Eh… Aja, ko nek dirampok sokor hlo.

Kiki                 : “Ra mungkin. Masa wong kaya ngono arep ngrampok? Hla rai so ta.

Tama               : “Bener Nor, apa sing diomongke Kiki. Ayo ta Nor nyander! Ya?

Noria               : “Huuh… Yaweslah.” (nyander wong neng pinggir dalan bareng Tama lan Kiki)

Tama               : “Mbah, teng napa mbah?

Mbah Sinah     : “Iki hlo le, arep nggawa mulih blanjan. Abot. Gek aku kesel, leren nek kene.

Kiki                 : “Mangga mbah kita biantu.

Noria               : “Kita? Kowe wae kalik. Aku wegah. Lagian to mbah, nek arep blanja akeh ke

   mbok ngajak perewang.”

Mbah Sinah     : “Ndhuk, nek ngomong mbok sing alus! Kowe ke wes gedhe, mbok sing ngerti tata

   karma!

Noria               : “Aku ra ngagas ngono-ngono kuwi.

Mbah Sinah     : “Kwalat kowe ndhuk. Dikandani kok ora digape.

Noria               : “Halah… Minggir-minggir! Aku arep lewat.

Mbah Sinah     : “Kwalat tenan kowe ndhuk.

 

            Noria mlaku mulih dhisik. Nalika durung adoh, deweke tiba.

 

Noria               : (bruk… Niba sakwen-wen pringisan nahan lara.)

Mbah Sinah     : “Le, kancamu ke tiba. Jare ayo disander.

Kiki                 : “Mboten sah le mbah, wau men sampun kurang ajar.”

Tama               : “Inggih le mbah.

Mbah Sinah     : “Aja ngono ta. Iku kancamu dhewe.” (mlaku nyander Noria di susul Kiki lan Tama)

Tama               : “Sokor Nor, makane nek diomongi aja gor baweli wae. Kwalat tenan ta saiki.

   Rasakno!

Mbah Sinah     : “Geneya ndhuk sikilmu?

Noria               : “Sakit mbah.

Mbah Sinah     : “Kene tak pijete, sajake tek kekilir.” (mijet sikile Noria)

Kiki                 : “Ke Nor, kowe ra isin. Mbah Sinah mau mbok baweli saiki nulung kowe hlo.

Tama               : “Ndang njaluka ngapura! Pumpung urung kasep.

Noria               : “Mbah, kula nyuwun pangapunten nggih amargi wau sampun kurang ajar.

Mbah Sinah     : “Ya ndhuk, simbah yo nyuwun ngapura, mau wis nyumpahi kowe.

Kiki                 : “Wih. Cepet banget olehe tobat.

Tama               : “Ke kan, bener ngomongku mau esok, mandi banget dongane awake dewe. Eh,

   Nor, piye kowe mulihe? Di terke ra?

Noria               : “Ra sah, matur nuwun. Aku jupukno tongkat kayu kae wae, kowe mbi Kiki terna

   mbah iki sik.

Tama               : “Ya.

 

            Akhire Noria insyaf. Sak teruse, dheweke malih dadi bocah sing apik. Kanca-kancane akeh sing seneng marang dheweke. Saking saka apike budi pakertine, nilai karaktere ing rapot malih dadi apik. Wong tuwane seneng banget amarga rumangsa isa ngurus anak.

 

PURNA.

 

(Aktor pembantu dadi kanca-kanca liyane : Feri, Apip, Handika, Riki, Topan, Rio lan Hardi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar