Anak Desa Kurang Ajar
Drama
basa jawa tema budi pekerti.
Oleh
Kelompok III IX C tahun ajaran 2013/2014 SMPN 1 Donorojo
(Bima Tovani Richo Pratama : Tama
& Pakdhe – Ricky Andika : Kiki – Anisah Jamsah Aswati : Bu Widaya, Ibu,
Yaya, Mbah Sinah – Riwayat Nanik Lestari : Noria)
Ing
Desa Sanjongan ana bocah jenenge Noria. Bocah kuwi nakal banget. Saben dinane
mesti gawe olah ana ngendi bae. Najan wong sekolahan lan agamis, nanging kaya
ora ngerti carane dadi bocah sekolahan lan agamis.
Bu Widaya :
“Assalamu’alaikum.”
Noria :
“Wa’alaikum salam.”
Bu Widaya :
“Kanca-kancamu endi tek ora ana kelas?”
Noria : “Sekedap bu.” (menyang jaba kelas) “Hei! Kanca-kanca. Bu Widaya rawuh.
Ayo
mlebu!” (menyang jero
kelas)
Bu Widaya :
“Piye ta wes mlebu tek ijek enek jaba?”
Murid-murod : “Meniku bu, tasik nelasne
jajan bu.”
Bu Widaya :
“Ya, saiki tak keki toleransi, ananging
sesok aja dibaleni.”
Noria :
“Ke cah rungakna! Makane, nek diomongi ke
aja kor baweli wae! Huuh…”
Kiki :
“Huuh… Mentag-mentang saiki bener we`,
mbok aja sombong! Sok ngerti we.”
Noria :
“Yo ben ta. Emang nyatane ngono.”
Tama :
“Nor, Ki, wes ta aja tukaran wae. Mbok
meneng! Nek didukani bu Widaya lho.”
Kiki :
“Kuwi ta, Noria dhisik sing marahi.”
Noria :
“Apa Ki!? Aku dhisik!? Kowe kui ta sing
marahi aku pegel.”
Bu widaya :
“Wes-wes, kapan are arep sinau yen
tukaran wae?”
Kiki :
“Inggih bu, kula nyuwun pangapunten.”
Bu Widaya :
“Wis, saiki dibuka LKS-e BAB Buda
Pekerti. Apa iku budi pekerti?”
Noria :
“Budi pekerti inggih menika budi ingkang
luhur bu.”
Bu
Widaya : “Kurang lengkap, sapa sing isa nglengkapi?” (nunggu sawetara) “Nek ora ana
sing ngacung, tak dudohi apa iku budi
pekerti. Budi pekerti yaiku tata karma
kang becik
kang iso ndadekake sapa bae kang duweni budi pekerti bakalan uripe
kepenak ing donyane.”
Bel ngaso muni.
Tet… Tet… Tet…
Bu Widaya :
“Wis bukune disimpen, wis wayahe ngaso.
Dina iki mang sing ora mlebu sapa?”
Murid-murid : “Darmin bu.”
Bu Widaya :
“Nyandi?”
Noria :
“Paling mbakul teng peken bu. Sampeane
lha yogane bakul.”
Bu Widaya :
“Heh! Aja ngawur!”
Kiki :
“Niku bu, tanganipun sakit.”
Noria :
“Hah… Paling gawene dawa tangane. Hahaha…”
Bu Widaya :
“Hus! Nek ngomong dijaga! Darmin iku
kancamu dhewe hlo.”
Noria :
“Inggih bu.”
Bu Widaya :
“Wis, saiki da ngaso-a. Assalamu’alaikum.”
Murid-murid : “Wa’alaikum salam.”
Tet…
Tet… Tet… Bel panggilan ketua kelas muni.
Kiki :
“Tam, panggilan ketua kelas.”
Tama :
“Ya, Ki. Matur nuwun dikabari.” (metu
nang jaba)
Noria :
“Tama… Tama aku wae sing rana.”
(ngrebut alat tulise Tama)
Kiki :
“Nor, ketuane ke Tama hlo! Duduk owe
ngerti!”
Noria :
“Ben.”
Kiki :
“Huuh…” (ngegemne tangan)
Tama : (nyekel tangane Kiki) “Wis, Ki, ben si Noria wae. Aku ra papa hlo.
Muga-muga
dheweke cepet berubah dadi apik.”
Kiki :
“Ya, Tam. Muga-muga wae. Aku gregeten
hlo, saben dina gawe ulah wae.”
Tama :
“Sabar, Ki. Ngonoa ke dheweke ya dulurmu
hlo.”
Sawise
sawetara, are kumpul ketua kelas rampung.
Noria :
(menyang ngarep kelas) “He! Bocah-bocah
mlebu!”
Kanca-kanca : (mlebu neng kelas)
Noria : “Pengumuman, dina iki ora ana pengayaan. Bapak ibu guru arep besok Pak
Giro.
Sesok mlebu
seragam batik, arep mringati dina batik.”
Kanca-kanca : “Ye… Mulih… Mulih…”
Kiki :
“Nor, mbok jare pengumumane diulangi
maneh! Aku kurang jelas.”
Noria :
“Sudi sapa… Makane nek duwe kuping ke
nggo ngrungokke! Aja kor nggo
ganthilan
sirah.”
Tama :
“Mbok jare ta Nor sikap mu koku bah!
Wedok apa lanang kowe ke?”
Noria :
“Ra butuh! Sapa jare koweke?
Ngatur-ngatur aku!”
Kiki :
“Noria! Jare mbok sing alus kowe ke! Ko
tak aturne pakli bulik hlo!”
Noria :
“Ra tak gagas!”
Tet…
Tet tet… Tet… Tet tet… Bel muni nandakake wayahe mulih ninggalake sekolah.
Kiki : “Noria! Teni ta! Eh, kowe manh neng bapak ku kon mulih neng mahku. Mong
tuwamu enek ngolmahku.”
Noria :
“Wis weruh.”
Kiki :
“Yaa Allah Nor. Kowe ki hlo di kei ngerti
mbok matur nuwun!”
Noria :
“Ra perlu.”
Kiki :
“Dasar kurang ajar.”
Noria :
“Kapok.”
Ana
ndalan, Kiki kari Noria ketemu Tama.
Kiki :
“Eh… Tama… Kowe mau mlaku ta? Tumben ora diparani?”
Tama : “Eh… Kiki… Iya, soale aku pengin mlaku bareng kanca-kanca. Mas Noto tak
penging marani. Bareng ya mulihe, omahe
awake dhewe kan cedhak.”
Kiki :
“Ya. Eh, adhik sepupuku mang pow is
dhisik ya?”
Tama :
“Hla kae hlo wes enek ngarep.”
Kiki :
“O alah… Noria! Teni ta!”
Noria :
“Gah. Ra sudi.”
Tama :
“Sabar, Ki.”
Kiki :
“Ya, matur nuwun. Ko sore ngaji ya!”
Tama :
“Ya, ko tak parani. Ayo mampir.”
(Tama nawari Kiki dolan omahe disik)
Kiki :
“Matur nuwun. Liya dina wae Tam.”
(Kiki banjur nututi adhike, Noria)
Kiki & Noria : “Assalamu’alaikum.”
Pakdhe :
“Wa’alaikum salam. Eh… Noria…”
Noria :
“Nggih dhe, bapak ibu napa wonten mriki?”
Pakdhe :
“Iya, Nor. Mau tak kon rene. Mengko sore
arep bancakan.”
Noria :
“Nggih dhe. Kula tak manggihi ibu
rumiyin.”
Pakdhe :
“Ya, kana nek pawon.”
Noria :
“Mangga dhe.” (langsung nggujrug nang
pawon)
Ibu :
“Eh, wis teka ndhuk. Kana gantimu enek
ngetas kamar ndhuwur.”
Noria :
“Inggih bu. Bu, wau kula dibetakne
muslim?”
Ibu :
“Waduh lali ndhuk. Mengko njilih a mbak
Yaya.”
Noria :
“Inggih bu.”
Sawise
padha rampungan, wayah sore padha ngaji bebarengan.
Noria :
(ngetok lawing kamare Yaya)
Yaya :
“Eh, kowe. Mlebua!”
Noria :
“Matur nuwun mbak. Niki selak sonten.”
Yaya :
“Hla ana perlu apa iki karo aku?”
Noria :
“Niku mbak, badhe ngampil muslim. Wonten
napa mboten?”
Yaya :
“Sek tak jupukne.” (sawise sepuluhan
menit) “Iki nya.”
Noria :
“Matur nuwun mbak.” (banjur
cepet-cepet siap-siap ngaji)
Kiki :
“Nor, ayo mangkat! Tama wis ngenteni.”
Noria :
“Ya. Disika.”
Sawise
teka ning pengajian, Bu Widaya sing ngajar amarga pak Tris tindakan.
Bu Widaya :
(mlebu gerbang)
Noria :
“Cah… Cah… Bu Widaya rawuh.”
Kanca-kanca : “Mlebu… Mlebu…”
Bu Widaya :
“Assalamu’alaikum. Sugeng sore cah-cah.”
Kanca-kanca : “Wa’alaikum salam. Sugeng
sore bu.”
Bu Widaya :
“Ana sing ora mlebu ora?”
Noria :
“Wonten bu, Karimin.”
Bu Widaya :
“Nyandi?”
Noria :
“Paling tumut nyebar teng wana bu.”
Bu Widaya :
“Hlah. Kowe ko lo. Mbok aja ngawur hlo.”
Tama :
“Niku bu, Karimin ijin kelompokan.”
Noria : “Halah, kepiye ta Karimin ke? Wayah ngaji ndak blayangan. Dasar ra
ngerti
wayah.”
Kiki :
“Hus! Nek ngomong mbok kok jaga ta Nor.”
Noria :
“Ben ta. Lambe, lambene sapa?”
Kiki :
“Tak jahit sisan hlo lambemu ko.”
Noria :
“Nyo! Jahiten nek arep mbok jahit! Ra sah
sesok-sesok. Saiki wae.”
Kiki :
“Huuh…”
Bu
Widaya : “Wes ta, aja tukaran wae! Kapan olehe arep ngaji nek gor tukaran wae?
Hla-an
kowe eong
koro ke pra dulur ta? Tek tukaran wae?”
Kiki :
“Inggih bu. Hla Noria niku bandel banget
lhe bu menawi di omongi.”
Bu Widaya :
“Wes lali ta Nor, apa sing disinau ana
sekolahan mau?”
Noria :
“Dereng bu.”
Kiki :
“Kapok.”
Noria :
“Gen!”
Bu Widaya :
“Wes, ayo do ngaji.”
Sawise
ngaji, kabeh padha mulih. Nalika ing dalan Noria, Kiki lan Tama pethukan karo
wong tuwa.
Tama : “Eh, Ki, Nor, ke hlo enek wong tuwa ing pinggir dalan sajake kekeselen. Ayo
rana
yo!”
Noria :
“Eh… Aja, ko nek dirampok sokor hlo.”
Kiki :
“Ra mungkin. Masa wong kaya ngono arep
ngrampok? Hla rai so ta.”
Tama :
“Bener Nor, apa sing diomongke Kiki. Ayo
ta Nor nyander! Ya?”
Noria :
“Huuh… Yaweslah.” (nyander wong neng
pinggir dalan bareng Tama lan Kiki)
Tama :
“Mbah, teng napa mbah?”
Mbah Sinah :
“Iki hlo le, arep nggawa mulih blanjan. Abot.
Gek aku kesel, leren nek kene.”
Kiki :
“Mangga mbah kita biantu.”
Noria : “Kita? Kowe wae kalik. Aku wegah. Lagian to mbah, nek arep blanja akeh
ke
mbok ngajak
perewang.”
Mbah
Sinah : “Ndhuk, nek ngomong mbok sing alus! Kowe ke wes gedhe, mbok sing ngerti
tata
karma!”
Noria :
“Aku ra ngagas ngono-ngono kuwi.”
Mbah Sinah :
“Kwalat kowe ndhuk. Dikandani kok ora
digape.”
Noria :
“Halah… Minggir-minggir! Aku arep lewat.”
Mbah Sinah :
“Kwalat tenan kowe ndhuk.”
Noria
mlaku mulih dhisik. Nalika durung adoh, deweke tiba.
Noria :
(bruk… Niba sakwen-wen pringisan nahan lara.)
Mbah Sinah :
“Le, kancamu ke tiba. Jare ayo disander.”
Kiki :
“Mboten sah le mbah, wau men sampun kurang ajar.”
Tama :
“Inggih le mbah.”
Mbah Sinah :
“Aja ngono ta. Iku kancamu dhewe.”
(mlaku nyander Noria di susul Kiki lan Tama)
Tama : “Sokor Nor, makane nek diomongi aja gor baweli wae. Kwalat tenan ta
saiki.
Rasakno!”
Mbah Sinah :
“Geneya ndhuk sikilmu?”
Noria :
“Sakit mbah.”
Mbah Sinah :
“Kene tak pijete, sajake tek kekilir.”
(mijet sikile Noria)
Kiki :
“Ke Nor, kowe ra isin. Mbah Sinah mau
mbok baweli saiki nulung kowe hlo.”
Tama :
“Ndang njaluka ngapura! Pumpung urung
kasep.”
Noria :
“Mbah, kula nyuwun pangapunten nggih
amargi wau sampun kurang ajar.”
Mbah Sinah :
“Ya ndhuk, simbah yo nyuwun ngapura, mau
wis nyumpahi kowe.”
Kiki :
“Wih. Cepet banget olehe tobat.”
Tama : “Ke kan, bener ngomongku mau esok, mandi banget dongane awake dewe. Eh,
Nor, piye
kowe mulihe? Di terke ra?”
Noria : “Ra sah, matur nuwun. Aku jupukno tongkat kayu kae wae, kowe mbi Kiki
terna
mbah iki sik.”
Tama :
“Ya.”
Akhire
Noria insyaf. Sak teruse, dheweke malih dadi bocah sing apik. Kanca-kancane
akeh sing seneng marang dheweke. Saking saka apike budi pakertine, nilai
karaktere ing rapot malih dadi apik. Wong tuwane seneng banget amarga rumangsa
isa ngurus anak.
PURNA.
(Aktor
pembantu dadi kanca-kanca liyane : Feri, Apip, Handika, Riki, Topan, Rio lan
Hardi)